Senin, 21 November 2011

Wayang Purwa

Budaya kang mbeto perubahan ing dunyo.    

      Wayang purwa uga sinebut wayang kulit iku salah sawijing kesenian tradisionel ing Indonesia. Senadyan ming sak wayang parandane ing dina iki wayang antuk pengakuan saka dunia yaiku UNESCO. Mula, wayang ura kena diseplekake awit akeh priyayi manca Negara kang padha marsudi ing bab padhalangan. Ing udyana iki penulis ngajab supaya para generasi muda gelema marsudi ing bab pedhalangan. Sak ora-orane ngerti tokoh wayang. Sebab wayang manggone ing Indonesia, yen mengkone ana pawongan saka manca njaluk keterangan bab wayang kok ngerti ora ngerti opo ora ngisin – ngisini.


          Ing kene bakal tag takaturake silsilah – silsilahe wayang saka serat Purwakanda Pustaka Darya. Tokoh – tokohe wayang uga isih tedak turune nabi Adam as. Jlentrehe mangkane adam lan hawa diciptakake dening Allah SWT lan dipanggonake ing swargaloka. Ing swargaloka Adam lan Hawa kagodha deniong iblis Ijajil retuning iblis sarana wohing kuldi.

         Wekasan Adam lan Khawa kadunungake ing madyapada. Adam manggon ing tanah suci dene khawa ing tanah hindhi. Saksuwene rong ewu tahun wekasane bias ketemu lan nuruake putra. Manut ujare Adam lan khawa darbe putra kang aran nabi Sis. Nabi Sis nggarwa Siti Mulat banjur nuruake Sayid Anwan lan Sayid Anwas. Sayid anwas tembene nuruake para nabi lan rosul dene sayid Anwar ya sang Hyang Nur cahaya kang nggarwa Dewi Nur Siti Saras banjur peputra sang Hyang Wenang. Sang Hyang Wenang nggarwa Dewi Saheti darbe putra sang Hyang Tunggal. sang Hyang Tunggal nggarwa Dewi Saheti derbe putra bathara guru. bathara guru nggarwa  Bethari Umaranti peputra bathara brama. Bathara brama nggarwa bethari umaranti peputra bathara brama. Bathara brama nggarwa Dewi Saci peputra peputra bathara bremana. Bathara bremana hanggarwa Dewi Sri Unun peputra prabu trithustha. Prabu trithustha nggarwa Dewi Widayat banjur darbe putra prabu Parikenan. prabu Parikenan nggarwa Dewi Bramaneki banjur pepatah resi Kamunayasa. Bambang sekutrem. Bambang sekutrem nggarwa Dewi Nilawati peputra Begawan sakri. Bagawan sakri nggarwa Dewi Sati nurukake Begawan Palasara. Begawan Palasara nggarwa Dewi Durgandhini nurukake Begawan Abiyasa. Begawan Abiyasa nggarwa DEwi Ambika peputra raden DEstarata, Begawan Abiyasa uga nggarwa Dewi Ambalika peputra raden Pandu.

         Raden Destarata nggarwa Dewi Genddari nurukake para Kurawa, dene Raden Pandu nggarwa Dewi kunthi lan Dewi Madrim banjur  peputra para Pandhawa. Pandhawa lan Kurawa ora nate rukun senadyan sedulur misanan. Wekasane dumadi perang Bratayudha perange Pandawa lan Kurawa tumpes ing palangan.

0 komentar:

Posting Komentar